*** SYI'IR BIRRUL WALIDAIN Oleh Habib Syech*** (Ijazah Al-maghfurlah Romo KH. A. Idris Marzuki Lirboyo dan diterjemahkan oleh salah satu santrinya) صل وسلم دائما على احمد # والأل والأصحاب من قد وحدا ياربنا ياربنا إغفرلنا ** ووالدينا والمشايخ اجمعين Duh pangeran kulo nyuwun pangapuro Kangge tiyang sepah soho guru kulo Ugi kangge kulo lan muslim sedoyo ing mekah madinah lan sak alam dunyo Duh pangeran kulo nyuwun kesaenan Kangge poro putro lan putri harapan Mugi saget nerusaken perjuangan Njagi islam lan akidah keimanan Duh pengeran kulo nyuwun kawelasan kangge poro guru kang paring tuntunan Tuntunan agami soho sesrawungan Ingkang manfaati ing gesang bebrayan Kuburipun guru soho tiyang sepah Mugi dados taman surgo ingkang endah Mugi tangi kubur mboten nampi susah Dados tiyang ingkang pikantuk bebungah Timbangan amale abot kesaenan Ing jembatan shirot mlampah kanthi aman Saking tlogo nabi pikantuk siraman Ingkang nglebur sedayane keluputan ...
Aku buat blog ini hanya untuk mengumpulkan informasi yang saya anggap perlu

Comments